20 tembung sanepa lan tegese
B. Daerah
rainnael
Pertanyaan
20 tembung sanepa lan tegese
1 Jawaban
-
1. Jawaban tessy
Gawea tuladha tembung sanepa lan tegese!
Jawaban
Pendahuluan
Bahasa Jawa iku sugih marang jenis-jenising tetembungan. Contone Tembung-tembung ing basa jawa ana sing jenenge tembung bebasan, tembung parikan, tembung entar, tembung saloka, tembung saroja, tembung camboran, tembung wangsalan, tembung sanepa, lsp.
Pembahasan
Tembung sanepa yaiku tetembungan ingkang kedadean saking tembung kaanan kasambung kasambung tembung aran sing ngemu surasa kosok balen. Tuladhane tembung sanepa lan tegesipun, antarane :
- Abang dluwang, tegese pucet banget
- Arang kranjang, tegese kerep banget
- Arum jamban, tegese banger/mambu banget
- Awake kuru semangka, tegese Awake lemu banget
- Balunge aros debok, tegese Balunge empuk banget
- Bobote abot kapuk, tegese Bobote entheng banget
- Cahyane abang dluwang, tegese Cahyane pucet banget
- Dedege dhuwur kencur, tegese Dedege cendek banget
- Enggale suwe banyu sinaring, tegese Wektune cepet banget
- Eseme pahit madu, tegese Eseme manis banget
- Jero tapak meri, tegese cethek banget
- Kawruhe jeru tapak meri, tegese Kawruhe sethithik banget
- Lemune banjo tampah, tegese Lemune bundher banget
- Pait madu, tegese legi banget
- Pikirane landhep dhengkul, tegese Pikirane bodho banget
- Playune lonjong botor (mimis) , tegese Playune banter banget
- Playune rindhik asu digithik, tegese Playune banter banget
- Rembuge peret beton, tegese Rembuge alus banget
- Rembunge resik peceren, tegese Tembunge rusuh banget
- Suwe mijet wohing ranti, tegese Sedhela banget
- Tatune arang kranjang, tegese Tatune kerep banget
- Tembunge pait madu, tegese Tembunge manis banget
- Ulate bening leri, tegese Ulate mrengut banget
- Utange arang wulu kucing, tegese Utange akeh banget.
- Wujude agal glepung, tegese Wujude lembut banget
Kesimpulan
Ing dhuwur sekedhik tuladha utawa contohe tembung sanepa.
Pelajari Lebih Lanjut :
- Tembung Saroja, Entar, Garba, waca ing https://brainly.co.id/tugas/5282004
- Tembung Camboran, waca ing brainly.co.id/tugas/13104737
- Tembung dwilingga, waca ing brainly.co.id/tugas/1035191
Detail Jawaban
Kelas : VIII
Kategori : Tembung Sanepa
Kode : -
Kata Kunci : Tegese Tembung Sanepa, Tegese, 20 Conto
Pertanyaan Lainnya